Sulawesi Utara
Menuju Sulut Maju, Sejahtera dan Berkelanjutan

Lirik Lagu

Lirik Lagu Wijining Tresna - Galih Prastya feat. Ilham Annas, Wong Ayu Mbok Ojo Sumelang

Simak lirik Galih Prastya ft Ilham Annas Wijining Tresna, yang dirilis pada 9 Juni 2025 di YouTube.

TribunManado/Yes
LIRIK LAGU: Ilustrasi lirik Galih Prastya ft Ilham Annas berjudul Wijining Tresna. Lagu ini dirilis pada 9 Juni 2025 di YouTube. 

TRIBUNMANADO.CO.ID - Berikut ini lirik lagu Wijining Tresna yang dinyanyikan oleh Galih Prastya ft Ilham Annas.

Lagu ciptaan Ilham Annas dan Galih Prastya ini dirilis pada 9 Juni 2025 di YouTube GALIH PRASTYA.

Ingsun tansah karasa kangen
Marang sira ingkang sun remen
Esemmu kang manis tansah ginawe ayem
Bungah sun nyandhang wewuyung

Sumebyar e lintang kang mahesi wengi
Ngilengke marang sira duh yayi
Ugi rembulan melu nyekseni 
Rasa kangen e ati

Wong ayu mbok ojo sumelang
Jujur mung sira kang tansah sun sayang
Asma endah mu sun ukir sak jroning lathi
Tresnaku kang sawiji

Lamlaman esemmu wong ayu
Kang tansah sumandhing ana kalbu
Wong ayu tulung reksa rasa atimu 
Dadya lelabuh tresnaku 

Liwat ana sumilir angin wengi
Tak titipke layang kangen rasane ati
Sira sun angen-angen rina lan wengi
Mugya langeng tumeka pati

Wong ayu mbok ojo sumelang
Jujur mung sira kang tansah sun sayang
Asma endah mu sun ukir sak jroning lathi
Tresnaku kang sawiji

Yen tak sawang cahyane rembulan 
Kang endah nalika sinawang
Sira sing tak eman-eman saben dina sun gadang mugya bisa bebarengan

Wawuyung ing prana hangrasa bahagia
Nalika sira peparing warta
Sun bakal rumeksa mring kahanan tresna
Ngen kangenku amung mring handika

Wong ayu mbok ojo sumelang
Jujur mung sira kang tansah sun sayang
Asma endah mu sun ukir sak jroning lathi
Tresnaku kang sawiji
Ya mung sira wong kang sun tresnani
(*)

Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    Berita Populer

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved